Sabtu, 21 November 2009

Lagu Dolanan


Yo ngene iki lho nek budal mancing terus gak oleh iwak. Panggah nonton ning dhuwure langit, ono crito reno-reno. Akhire kelingan dhek cilik nek pas padang mbulan ning ngarep latar gelaran kloso, karo mbokku didongengi terus diajari lagu dolanan. Koyoto cublek-cublek genthung, Jarate laelo, Cublak-cublak suweng, terus dolanan jumpritan, gobak sodor, terus do gendong-gendongan lanang wedok wong sik cilik. Terus aku kelingan lagu dolanan iki :
"Ee... tamune teko, Ee.... gelarno kloso, Ee... klosone bolong, Ee.. tembelen gemblong, Ee.. gemblonge mambu, Ee.. pakakno asu, Ee... asune mati, Ee... guwaken kali, Ee... kaline banjir, Ee... deleh ning pinggir. Ee... tibake nengah, Ee... buwak ning sawah .... Ee.. sawahe tandur!" Panggah ae gak entek-entek karo Ee....po maneh nek isuk budal mancing ning rowo ndesoku dhek jaman cilik, mesti saut-sautan karo koncoku sampek tekan nggon mancing.
Ternyata Tembang Jowo, rodo enek cocoke karo kahanan saiki. Ee... tamune teko, Ee... gelarno kloso. Maksude opo ono tamu terus gowo duwet terus ono pagelaran sing diarani proyek-proyek kuwi yo... ?
Terus neh, Ee... klosone bolong...terus proyeke dikorupsi ngno po piye... ? Ee... tembelen gemblong (jadah). Opo maksude sing nggo nembel kuwi gemblong utowo jadah, yo sing dadi tumbal koyo Antasari ngono po piye yo ...? Tibake, Ee... gemblonge mambu. Wakakakak... tercium oleh rakyate, opo maneh krungu guru sing rodo kentheer koyo aku ngene. Beh, jan dadi rame tenan tho.
Lha nek gemblonge mambu, terus Ee... pakakno asu. Asu iku kirik terus sopo sing dimaksud asu kuwi yo ... terus asu sing nggragas kuwi lho mati, dadi tambah mambu busuk yo... ! Masya Allah. Terus oleh mbuwang kuwi ning ndi amprih gak mambu. Tibake unine tembang kuwi isih dowo, dibuwang nang ndi ae panggah ono masalah. Makane tembang kuwi rodo cocok nek nggo niteni unen-unene wong Jowo kuwi jan rodo enek mempere ing kahanan saiki.
Wes.... terusno dhewe piye carane mikirne ngilangi bangke asu mau. Mergo ojo sampek kenter ning kali mili (ibarate mlakune negoro), malah soyo mambu dadi mambu nang ndi-ndi.

Tidak ada komentar: