Sabtu, 21 November 2009

Ngimpi Dicakot Ulo


Kemarin malam minggu melekan di laut, mancing, malam berikutnya Melekan di Sekolah, nyemangati anak-anak noto panggung Puncak Lustrum 3 SMA Villa Kesamben. Isuke uthuk-uthuk wes siap nerima para tamu undangan dan para pejabat Dinas, termasuk Pak Rijanto, Kepala Dinas Pendidikan kabupaten dan bu Camat. Jam 2 sore ko omah, langsung ngglethak ning kasur. Gak suwe NGIMPI KETEMU ULO GEDE, biasane gak wani nyathek. Ee... kecatek, tenan gek galak pol, nyamber-nyamber, akhire nglilir terus pindah bobok ning kursi, sak wise pipis sik. Jane ono opo, awan-awan kok mimpi dicakot ulo kuwi ... Nek arek wedok ngono prasasat apik.
Tapi, sorene oleh SMS lucu, "Pak, sido dadi bapakku pora, hehehe... ". Tak pikir, iki sms nyasar wong nomere gak ono namane. Banjur tak jawab ae, "Lho kapan rek aku kawin karo Mbokmu ?" terus dibales neh, "Hehehe....!" Timbang dadi molo, tak telepon ae. Oo.... alah, jare rumor aku arep diangkat dadi kepalane dhekne .... banjur aku njaluk sepuro, "Sepurone sing kathah, mbak. Tak kiro nyasar, lha nomere sampeyan kok ganti aku gak roh".
Wes lego aku, timbang diwoco bojo terus bojo duwe pikiran reno-reno. Yakyakyak... !

Tidak ada komentar: