Kamis, 19 Maret 2009

Kasihan Sungaiku Prihatin Lautku

Laut saiki banyak dipotas oleh sekelompok nelayan yang hanya mementingkan keuntungan sesaat, golek urang silem karo nyebari potas. Akhirnya banyak terumbu karang mati, pereng karang jadi lapuk dan akhirnya gemplah, lama-lama habis daratan terkikis garangnya air laut.
Sungaiku juga sering dipotas, disetrum, bibit biota air habis, jaring-jaring kehidupan di air terputus karena ada rantai yang terputus, ikan-ikan belum menginjak remaja, durungsempat iso kawin, sudah terkena samberan bledheg setrume menungso.
Burung-burung juga tak banyak terdengar, mereka takut dengan blegere anungso sing senenge mangan opo sing ditemu, dibedhil, ditembak, diuber, diburu ...
Kudune ono Perda sing ngatur lingkungan. Sing mbedil didendo, sing lapor dapat 50%, hasil dendone nggo nyebar bibit manuk ben urip luweh akeh. Sing nyetrum yo didendo, sing lapor oleh 50%, sisane nggo tuku iwak disebar ning kali opo ning endi. Kan yo penak, nggo mbalekne senengku dhek cilik, koyo Si Bolang yang riang dengan alam.
Wong sing koyo ngono mau jane yo mung seneng-seneng, ora nggo panguripani, kudune ono aturan dan didukung wong okeh, ben mbalik maneh koyo biyen, manuk manyar akeh ning endi endi. Opo maneh biyen saben got ono iwake, ono welute, iso dipancingi. Saiki, ning kali Brantas sing sak mono ambane gak ono iwake sing nggenah, kudune iso nyenengne aku, iso golek welut, terus urip neh, manak neh terus nganti saiki. Welut sawah mati kabeh mergo keno pupuk atau obat sawah, teodan, furadan, mati kabeh bibite. Wong yuyu wae wegah urip ning sawah, opo maneh iwak.
Tapi iki kabeh opo mergo polahe awake dhewe dhek jaman cilik sing trutusan golek pangan, koyo Si Bolang ?
Tak kiro ora, jamane saikiwis ngawur, isine pokoke...Singkae ora peduli karo kae sijine. Anane Lodoyo banjir, iku yo mergo karepe dhewe. Negor wit sak karepe dhewe, akhire gundul alasku, amblas kaliku. Yo, akhire amblas omah-omah ning Lodoyo dhek tahun wingenanae. Iku mergo nuruti udele dhewe, wetenge dhewe.
Tapi saiki wis do tobat (mung sithik), sing wis do gelem ngopeni wit-wit nggo nggondeli lemah lan banyu ben gak longsor, ben nggak gampang banjir. Lha, kaline. banyune panggah okeh, kudune iwake iso okeh, iso nggo penguripan wong-wong sekitar kali. Ora mung dientekne, bar putu-putune gumun. "Kali sak mono ambane kok mung banyu thok??"

1 komentar:

pulung mengatakan...

Lha yo ngono kuwi saiki keadaane... Wong podho lali mikir tembe mburine. Sing diuber mung butuhe saiki thok. Nguber butuhe dhere ora mikir liyane. Sak karepe dhewe ngrusak kali, laut, alas.... akhire kerepotan dhewe. Opo maneh mengko yen tibo anak-puthune.

Aku setuju masalah itu kudhu diatur nganggo perda, trus disampakne lan diterapne ning masyarakat. Koyo pemikirane sampeyan, termasuk penerapane nganggo dendo, ben podho jera....