Senin, 04 Januari 2010

Berburu Tuyul



Dikabari konco, katanya di rumahnya ada tuyul. Arep gak percoyo, koncoku kuwi crito karo nangis. Gek maknya juga critone podho. "Lhaiyo, biasane awakmu iki sambat duit, njaluk utang duit, saiki sambat kok malah kelangan duit ?". Eeee... tibake duit kumpulan, makane nganti nangis, mergo bingung.
Yo, mergo disambati konco, aku yo njajal tak golekne wong sing iso nyekel tuyul. Mergo aku dhewe yo gak tau nyekel tuyul. Mung ngerti nontok filem Tuyul dan Mbakyul. Tuyul jare mbahku biyen diarani Setan Gundul yoiku Mahluk ghaib soko golongan Jin yang duwe kemampuan khusus yaitu mencuri uang atau Perhiasan. Tuyul ini sangat Kecil Ukurannya kira-kira tingginya 5cm - 6cm, tuyul ini dapat dilihat oleh mata terbuka dan dapat diajak bicara tapi hanya dapat dilihat oleh majikanya atau orang yang memiliki ilmu tertentu. Iki jaree....
Pas malem Selasa wingi, tak jak Ki Marjuni, koncoku dhewe sing kendel nyekel tuyul, jaree... yo tak gowo ngono ae. Saking sing nyritakne aku mau ben ngerti tenan piye carane koncoku loro mau yo tak jak pisan, ben ngerti, wong aku dhewe yo durung ngerti. Tapi aku pancen percoyo ono wujude mahluk kuwi. Wong mertuaku dhewe yo tau nyekel banjur ditakoni, "Kowe anake sopo ?" terus dideres lambene kon bali ningomahe, ben gak iso ngomong sopo sing nderes. Ono coro reno-reno, sing kasar terus dicekel dilebokne toples terus digowo ninggone sing nduwe. Ning koncoku mau, carane alus, nggo nyadarne sing duwe tuyul mau.
Bareng tekan nggone, Ki Marjuni mau nontok kahanan ning ngomah yo karo mesam-mesem, ketoke kok wes ngerti ono pora mahluke tuyul mau. Banjur kon njupukne lombok. Sing duwe omah mung duwe lombok werno ijo, tur banjur didilat kok kurang pedes, akhire kon nggolekne sing werno abang. "Lha iki cocok...!"
Yo mung sederhana, lomboke mung ditoto ning lepek isi banyu, dijejer terus digolekno koco, terus dideleh ning ngarep koco ing salah sijine kamar omah. Terus ditunggoni ae. Wes ben opo karepe aku ora ngerti.
Mergo wes rodo wengi, yo akhire aku balik kabeh. Mung pesene, "Awakmu gak usah nyekel tuyule, ben ngko rak tonggo teparomu ono sing ngerti dhewe, sopo sing duwe tuyul". Aku yo malah bingung, jare tuyule ngko lak ngomong dhewe karo wong ning njobo omah. Karepe sing duwe ben sadar, kuwi tumindak ora apik. Wong koncoku kuwi duwe anak papat, sing mbarep kelas 2 SMP. Gek mboke lungo dadi TKW, mergo pancen songgone urip yo abot. Nganti tau nglakoni ora mangan sego, sampek rambute putih kabeh.
Oalah.... urip kok reno-reno, Gusti sing ngecat lombok. Mbok normal-normal ae yo... !



Tidak ada komentar: