Minggu, 03 Januari 2010

Air Rondo Kembar



Yen tak rasakne wong-wong saiki do aneh-aneh. Sing aneh-aneh kadang diomongne ajaib. Ajaib ono kaitane karo gaib, mergo ono buktine, bukti sing nganeh-nganehi. Sing aneh maneh, masyarakat ngaku nggunakne sumber banyu kuwi wes suwe, sak durunge kondang. Malah nggo ngombe, masak, ngombeni sapi, mergo pancen angel udan, angel banyu, salahe dhewe alase dientekne.
Ontran-ontrane wong ben misuwur pancen yo isooooo ae..... Koyo Ponari kae. Saiki ning Kecamatan Bakung Kabupaten Blitar, tinemu sumber Banyu Rondo Kembar. Banyu kuwi dijupuki karo wong diombekne wong sing loro, sakite nemen, ndilalah mari. Ono sing strook gak iso mlaku, digawani banyu ko kono, diombekne, terus iso mlaku. Saking bungahe terus nekani panggon sumber banyu kuwi. Ngandakne syukuran mergo wes berobat tekan endi-endi gak mari, entek pirang-pirang juta gak mari, mergo ngombe banyu campur lumpur sak cendok, kok ndilalah mari. Iku jareee.... wong aku yo durung temu wonge.
Aku jane yo ora penasaran, wong pancen ndilalah nganggur ningomah, gek libur wes entek pisan arep nyaopo... ? akhire tak jak bojo lan anakku mlaku-mlaku, ning gak tak omongi arep nangendi. Banjur nglewati alas ndeso nanging dalane hotmik kabeh, bupatine rodok beneh iki, terus tak duduhne, yo kuwi sing jenenge Monumen Trisula, pas lewat, jaman biyen nggo peringatan masyarakat, mergo panggone PKI ning kene iki. Sing tak elingi jenenge Olean Hutapea, Muso, kabeh tokohe ono ing Blitar. Yo kuwi tugu peringatanne. Monumen Trisula.
Yo bar lewat kono terus nganan ono dalan munggah ora adoh wes ditulisi, Sumber Air Rondo Kembar, pokoke melu dalan kuwi mau. Akhire tekan juga. Ning sedane gak iso lewat, mlaku yo ora adoh.
Ning kono wes okeh wong dodolan bakso, dodolan Aqua, ning kok durung ono sing dodolan es degan, wah padahal ngelak poool.... Arep nyucup mbok rondo kembar ngko malah piye, diamok masyarakat kono ngko. Hehehe.....
Tekan kono yo mung mak blunus, wong aku macak rodo kereng, gak dicegat karo wong kampung sing do nawani tiket, ee... tibake tiket antri. Desane Tumpakoyot ketoke nek rak Tumpakkepuh. Sak elingku aku wes tau rono, pas nontok sekolahan elek-elek ning kono, ben oleh bantuan DAK. Tapi yo aku wes biasa karo wong kampung, macak sumeh, wong-wong do sungkan malah nyopo, monggo Pak...!
Crita kondange mergo jare ono Wong Wlingi diimpeni, ono sumber ning daerah Bakung. Bareng diparani, tibake sing wes tak kandakne mau, wes dinggo ngombeni sapi wes dinggo masak wes suwe. Mergo awale pancen rodo aneh, wong panggone puthukan duwur kok ngrembes banyu, terus dipidek, lemahe ora nemplek ngregeti sikile, terus diduduk, tibake ono banyune. Makane akhire kanggo masak nggo ngombeni sapi lan liya-liyane. Mbasan ono wong Wlingi mau akhire kondang mergo oleh impen nek banyu kuwi iso nggo ngobati wong gerah. Wong Jowo nek rak njajal ora marem, dijajal deweke duwe loro batu ginjal, bareng diombe, jare... lho ya, jare metu watune metu glundung bareng uyuhe. Aku yo mikir, maksute opo wonge nguyuh ning watu terus watune glundung opo wonge nguyuh ning nduwure watu terus glundung. Wong jare... hehehe....
Tapi yo wes bene, sopo ngerti sugestine wong reno-reno. Soko sugesti wong lumpuh iso mlayu mergo ngerti ono ulo arep nyaplok deweke. Yo ngono kuwi kekuatan tenaga dalam diri kadang iso luar biasa.
Ning kono tak tontok bek wong do antri, padahal banyune sak tlowakan sikil sapi, isine banyu yo sithik, nanging jare nek diciduk mbok rondo kembar mau, banyune panggah gak kalong. Iki nyalahi hukum kekekalan energi, kudune kelong ning sumbere teko maneh. Tapi sing nyiduk wong liyo, iso entek gari lumpure. Wes embuh pokoke jarene critane okeh sing mari bar ngombe banyu buthek kuwi.
Eh, mbok rondo kembar kuwi ora kembar, tapi mbok rondo loro, sijine ponakane. Nek kanggoku iku sing jenenge Pemberdayaan Masyarakat Pedesaan. Ono pangonan nylempit sing jarang diendangi wong liyo, akhire misuwur diparani wong ko ngendi-ngendi. Sayange sig dodolan mau kok dudu wong kono dhewe. Akhire aku ngusulne wong sing tak nggo markir kendaraanku mau, "Mbah, sampeyan dodolan es degan mawon, kersane wonten gawean. Nek sampeyan dol kambil saiki 900, nek dol degan iso 2.500 nganti 4.000. Tapi jare malah, mergo gak bakat dodolan, padahal wet kambil akeh do ting ngglantung. Padahal maneh, karepku nek aku mancing lewat kono iso tuku Es Degan.... hehehe....

Tidak ada komentar: